sekar 💐

Sing Dipangan Yo Kudu Dipakani

Postingan ini diedit 2 bulan, 2 minggu yang lalu.

Tulisan ini ditulis dalam Bahasa Jawa, pertama kali aku terbitkan pada 22 Oktober 2024 di blog lamaku.

Bapak nek sebagai Bapakku dhewe ki kadang marai bangga. Bungah rasane nduwe bapak sing koyo Bapakku iku. Tapi nek dikon ngenehi biji sebagai cah wedok ning lanang, bahkan KKM wae ketoke ora.

Ning kadang-kadang omongane Bapakku ki ono bener lan kadang ono pintere.

Koyo wingi bengi Bapak telponan karo koncone. Gelem ora gelem aku krungu sih, wong udu omah gedhong, dadi arep bisik-bisik koyo ngopo yo tetep krungu wkwkw

Konteks e ketoe ora perlu-perlu banget, tapi paling ora aku ngerti nek konco sing lagi telpon Bapak kui wong pertanian, lagi ngomongke bab pertanian.

Hehehehe yo ora kabeh sing ditandur ki kudu dipangan. Saiki arep nandur opo mangan thok? Kui ki yo perlu, tanduran sing wis ning kono kui yo perlu dipakani, diuri-uri. Sing wis tunggu kono ki yo wis mengandung bakteri-bakteri baik sing bakalane mbantu lemah e. Ning nek arep mangan thok yo rapopo, tanduri wae sing iso dipangan thok, ning kui jenenge serakah. Menungso nek serakah karo alam ojo kaget nek diserakahi karo koncone.

Sing dipangan ki yo perlu dipakani. Sing saiki arep dipangan tanduran e to?! Nah kui yo dipakani, ora ming dipangan thok.

Lemah ki yo perlu dipakani, ojo ming dipangan thok. Rondo noleh ki pahit, raiso dipangan, ning neng lemah mereka nduwe akar sing nyuburke, men le nenandur ki iso suwe. Men lemah e ki yo sehat.

Kiro-kiro ngono wingi le omong. Aku mesem thok, mergo kui podho karo kuliahku jaman biyen ning Pengendalian Hama Tanaman. Nek ngono ora sia-sia aku dikuliahke ning pertanian men mudheng piye carane ngrumat konco-koncone menungso ning dunyo iki.

Revolusioner sih ora, ming aku salut le Bapak gelem ngandani koncone sing ora berkesempatan sinau teori akeh nganggo bahasa sing gampang cemanthel. Makane aku nulis ning kene, sopo ngerti ono uwong sing moco terus setuju terus dipraktekke le setuju kui. Paling ora le mratekke ki mbalekke opo sing ora kepangan ning koncone liyane men iso dipangan sing doyan.

Menungso ki asline ora terlalu doyan sakkabehane to? Ning mergo ono bab dhuit, dadi kabeh kepangan. Koncone dhewe wae kadang kepangan, sengojo ra sengojo.

Paling ora saiki aku dhewe iso ngandani awake dhewe men ora srakah. Mangan sak cukupe, Nabi wis nyontoni mangan 3/4 e wareg. Ora usah kewaregen. Nek njupuk maem sak cukupe. Nek maem e turah dinehke liyane sing isih doyan. Nek ora ono menungso liyane sing doyan, dinehke kewan. Nek kewan wis ora doyan, nehke tanduran. Nek tanduran kok yo wis ora doyan, balekke ning lemah.

Ojo padhakke koe karo kewan, tanduran, po lemah. Kabeh nduwe selera dhewe-dhewe. Ora perlu dipilih-pilihke, wis podho nduwe nalar dhewe-dhewe doyan sing endi, ora doyan sing endi.

|

#buah-pikir